RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN 01
| Nama Sekolah | : | SMA N 5 Semarang | 
| Mata Pelajaran | : | Bahasa Jawa | 
| Kelas/Program/ Semester | : | XI IPA-IPS/ 1 | 
| Pertemuan ke- | : | 1 | 
| Alokasi Waktu | : | 2 X 45 menit | 
| Standar Kompetensi | : | Mendengarkan Mampu mendengarkan dan memahani wacana lisan nonsastra   maupun sastra dalam berbagai ragam bahasa Jawa. | 
| Kompetensi Dasar | : | Mendengarkan sambutan atau khotbah yang disampaikan secara langsung atau   rekaman | 
| Indikator | : | ·       Mengidentifikasi   pokok-pokok isi sambutan yang didengarkan ·       Menyebutkan isi sambutan yang didengar ·       Menyampaikan secara lisan isi sambutan yang didengarkan ·       Menanggapi secara lisan isi sambutan yang didengarkan ·       Menyusun sambutan dengan topik lain menggunakan ragam bahasa krama  | 
A. Tujuan Pembelajaran
1.    Peserta didik dapat mengidentifikasi  pokok-pokok isi sambutan yang didengarkan melalui rekaman/media elektronik
2.    Peserta didik dapat menyebutkan isi sambutan yang didengar melalui rekaman/media elektronik
3.    Peserta didik dapat menyampaikan secara lisan isi sambutan yang didengarkan melalui rekaman/media elektronik
4.    Peserta didik dapat menanggapi secara lisan isi sambutan yang didengarkan melalui rekaman/media elektronik
5.    Peserta didik dapat menyusun sambutan dengan topik lain menggunakan ragam bahasa krama melalui rekaman/media elektronik
B. Materi Ajar
Sambutan/ khotbah/ pidato
Serorah yaiku medharake gagasan sarana lesan kang ditujukake marang wong akeh. Sesorah iku gedhe banget mupangate antarane kanggo sarana sesambungan karo masyarakat kanthi langsung, supaya apa kang dikarepake bisa langsung dimangerteni. Ancas utawa tujuwane sesorah yaiku:
1.      Aweh panglipur marang wong liya
2.      Menehi kabar/informasi
3.      Mbujuk wong liya supaya melu apa kang diandharake
Tuladha:
Pamitan
Assalamualaikum wr.wb
     Bapak kepala sekolah ingkang dhahat kinabekten, bapak ibu guru ingkang kinurmatan, saha adhik-adhik ingkang kula tresnani.
     Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, ingkang sampun ngluberaken rahmat tuwin hidayah satemah kula panjenengan sedaya saged makempal wonten aula SMAN 5 Semarang kangge ngawontenaken pepisahan.
     Bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, boten kesupen kula ingkang minangka wakilipun putra-putri kelas tiga ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit keikhlasan saha sih katresnan bapak ibu guru anggenipun nggulawentah dhumateng para siswa, satemah saged ngrampungaken kuwajiban sadangunipun tigang taun kanthi tinengeran tampi ijasah.
     Bapak ibu guru tuwin adhik-adhik sedaya, sekedhap malih kula sakanca badhe nilar pawiyatan menika ingkang kula tresnani. Awrat anggen kula matur, jalaran badhe nilar guru saha adhik-adhik sedaya. Jalaran kawontenan kedah mekaten, pramila kanthi awrating manah kula sakanca nilaraken bapak ibu guru tuwin adhik-adhik. Sanadyan sampun pepisahan, ateges tebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah nyuwun supados tansah celak ing penggalih.
     Wonten pepanggihan temtu wonten pepisahan, punika kados sampun kinodrat, boten kenging dipunselaki malih. Ingkang punika sanadyan mataun-taun kempal kaliyan bapak ibu saha adhik-adhik, ing dinten menika kula sakanca kapeksa nyuwun pamit badhe nglajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan luhur. Kula sakanca nyuwun tambahing pangestu. Kosok wangsulipun kula tuwin kanca-kanca tansah memuji dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos, supados bapak Ibu saha adhik-adhik angsal rahmating Pangeran, wilujeng boten wonten alangan satunggal menapa. 
     Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan menika kula panjang wiyaraken. Kula tansah nyuwun tambahing pangestu supados wilujeng ing sedayanipun. Menawi wonten kirangtrepipun tuwin kirang tata krama anggen kula matur, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Ing wasana kula kantheni sesanti “ali-ali ilang matane, aja lali karo kancane”. Nuwun. 
Wassalamualaikum wr. wb.
C.           Metode Pembelajaran
Tanya jawab; Inkuiri; Diskusi; dan Penugasan
D.           Kegiatan Pembelajaran
| No | Kegiatan | Waktu | 
| 1. 2. 3. | Kegiatan Pendahuluan Motivasi: ·      Guru meminta salah   satu peserta didik untuk menyampaikan sepenggal sambutan Kegiatan   Inti 2.1   Eksplorasi 
 ·      Guru   membimbing peserta didik untuk mengidentifikasi tema sambutan 2.2    Elaborasi 
 ·           Secara berkelompok, peserta didik menyebutkan isi   sambutan ·           Setiap juru bicara dalam kelompok  secara komunikatif  menyampaikan lisan isi sambutan yang   didengarkan ·           Setiap kelompok secara demokratis memberi   tanggapan kepada kelompok lain yang menyampaikan isi sambutan. ·           Peserta didik bersama-sama mengambil satu kesepakatan   tentang isi sambutan dengan arahan guru. ·           Peserta didik secara kreatif menyusun   sambutan dengan topik lain menggunakan ragam bahasa krama. 2.3      Konfirmasi ·      Guru   memberikan umpan balik positif atas hasil diskusi dan tanggapan peserta didik   mengenai sambutan ·      Guru   melakukan pengamatan atas kinerja peserta didik dalam mendengarkan sambutan ·      Guru   memberikan penghargaan   atas keberhasilan   siswa mendengarkan sambutan dengan baik. ·      Guru   memberi motivasi kepada peserta didik yang belum berpartisipasi aktif Kegiatan Penutup·       Guru meminta siswa secara   mandiri   untuk menyampaikan secara lisan hasil musyawarah didengar 5.1      Penugasan   Terstruktur 
 5.2      Kegiatan Mandiri Tak   Terstruktur 
 | 5 75 10 | 
E.           Penilaian Hasil Belajar
Ø  Butir Penilaian:
1.      Apa tema sesorah ing dhuwur?
2.      Sesorah mau diandharake ing acara apa?
3.      Miturut wacan sapa sing paring sesorah?
4.      Kepriye carane nerusake lelabuhane para pahlawan?
5.      Apa pangajabe Ketua RW 03 ing dhuwur?
Ø  Skor Penilaian:
| No | Kunci Jawaban | Kriteria Ketepatan | ||
| Benar | Setengah | Salah  | ||
| 1 | Kamardikan   RI | 10 | 5 | 0 | 
| 2 | Dinten   proklamasi kamardikan RI | 20 | 10 | 0 | 
| 3 | Ketua   RW 03 desa Sriwulan | 20 | 10 | 0 | 
| 4 | Carane   nerusake lelabuhane pahlawan kanthi ambangun nagari mardika punika makmur. | 30 | 15 | 0 | 
| 5 | Pangajabe   ketua RW supados para warga sageda hanggadahi watak ingkang saged   ngrembakakaen semangat nasionalisme kagem bangsa lan nagara | 20 | 10 | 0 | 
|  | Total   Nilai | 100 | 50 |  | 
F.            Media/ Sumber Pembelajaran
·        Buku Pranata Adicara Basa Jawi
·        Buku Memetri Basa Jawa Kelas XI
·        Damar Kelas XI (MGMP BASA JAWA SMA DAN MA KOTA SEMARANG)
·        Rekaman sesorah
                                                                                                                                                                                                                                                      Semarang, 19 Juli 2011                       
Mengetahui,                                                    
Kepala Sekolah                                                           Guru  Mata Pelajaran
Drs. Waino S, S.Pd,M.Pd                                         Yeni Rahmawati, S.Pd
NIP 19550701 198703 1 003                                     
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN 02
| Nama Sekolah | : | SMA N 5 Semarang | 
| Mata Pelajaran | : | Bahasa Jawa | 
| Kelas/Program/ Semester | : | XI IPA-IPS/ 1 | 
| Pertemuan ke- | : | 2 | 
| Alokasi Waktu | : | 2 X 45 menit | 
| Standar Kompetensi | : | Berbicara Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan   perasaan secara lisan sastra maupun nonsastra dengan menggunakan berbagai   ragam dan unggah-ungguh bahasa   Jawa.                                                                | 
| Kompetensi Dasar | : | Naskah pambagyaharja  | 
| Indikator | : | ·        Menentukan pokok isi   sambutan dalam bentuk pambagyaharja ·        Menyusun kerangka   sambutan dalam bentuk pambagyaharja ·        Mengembangkan   kerangka sambutan yang berbentuk pambagyaharja   sesuai dengan unggah-ungguh bahasa Jawa ·        Menyampaikan secara   lisan sambutan berbentuk pambagyaharja   sesuai dengan lafal, intonasi dan irama yang tepat. | 
A. Tujuan Pembelajaran
·           Peserta didik dapat menentukan pokok isi sambutan dalam bentuk pambagyaharja melalui penyampaian pambagyaharja dalam bentuk lisan
·           Peserta didik dapat menyusun kerangka sambutan dalam bentuk pambagyaharja melalui penyampaian pambagyaharja dalam bentuk lisan
·           Peserta didik dapat mengembangkan kerangka sambutan yang berbentuk pambagyaharja sesuai dengan unggah-ungguh bahasa Jawa
·           Peserta didik dapat menyampaikan secara lisan sambutan berbentuk pambagyaharja sesuai dengan lafal, intonasi dan irama yang tepat.
B. Materi Ajar
PAMBAGYAHARJA
Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.
Para pepundhen, para sepuh, para pinisepuh ingkang pantes pinundhi, para pangemban pangembating praja, para satriyaning nagari ingkang pantes kinurmatan, para kadang wredha mudha ingkang bagya mulya, para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana.
Keparenga kula mambeng anggen panjenengan sadaya katemben wawan pangandikan, karana kula piniji Bapak Santosa sekalihan, kinen ngaturaken wudharing gantha babaring sedya, raos suka ebahing manah bingah saha lekasing sedya wigatosing gati ing kalenggahan punika.
Minangka purwakaning atur langkung rumiyin sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken atur puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, karana sih wilasa miwah barkah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula saengga taksih saget kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.
Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madyaning wiwahan punika panjenenganipun Bapak Santosa sekalihan lumantar kula ngambali ngaturaken sugeng rawuh sinarengan raos pãnuwun ingkang tanpa pepindhan, kasuwun tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih, wondene lekas wekasing sedya wigatosing gati kula aturaken ing mriki, nadyan panjenengan sadaya hambok bilih sampun ngawuningani gatining sedya ing palenggahan punika ingkang sampun sinerat ing kintaka wara punapa dene jawilan.
Nun inggih netepi darmaning asepuh Bapak Santosa sekalihan ing kalenggahan punika mahargya suta hamiwaha siwi, ngentas pitulus kenya putrinipun ingkang sesilih namipun Rr. Sinta Arum kaleksanan dhaup kallyan Bagus Hari Laksana priya tanaya panjenenganipun
Bapak Suseno sekalihan ingkang pidalem ing Sragen ingkang sampun kalampahan ijab miturut satataning adat kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala, ingkang punika panyuwunipun
Bapak Santosa (ingkang mengku gati) wonten ngarsa panjenengan sadaya mugi wontena lilaning panggalih para tamu kakung putri paring jurung puja hastawa puji hastuti dhumateng temanten sarimbit anggenya badhe gesang wonten ing alam bebrayan tansah runtut atut miwah bagya mulya sembada ingkang jinangka basuki kang kaesthi.
Para lenggah kakung putri ingkang satuhu kinurmatan, kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saged kalampahan karana sih pambiyantunipun para sanak kadang pawong mitra langkung - langkung para warga RT 04 ingkang punika hambok bilih panjenenganipun Bapak Santosa (ingkang mengku gati) mboten saged mangsulaken karana lahir, amung kasumanggakaken wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung mugi sih kadarman panjenengan dadosa ngamal kasaenan.
Para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana Bapak Santosa sekalihan lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, hambok bilih anggenipun nampi kerawuhan panjenengan sadaya, kiranging tanggap tangguh gupuh mugi diagung pangaksama, mboten kekilapan dhumateng para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sadaya, hambok bilih wonten kiranging suba sita lumantar kula tansah nyuwun agenging pangaksama panjenengan sadaya.
Hing wasana minangka pepuntoning aturipun Bapak Santosa sekalihan lumantar kula hambok bilih wonten kiranging boja miwah krama mugi para tamu ngluberaken samodra pangaksama ingkang agung, kula minangka talanging basa kathah atur kula ingkang mboten hanuju prana labet kula ugi hanglenggana kiranging seserepan miwah kirang pana dhumateng ing reh suba sita, basa tuwin sastra, kula amung tumadhah lubering pangaksama, salajengipun wekdal kula aturaken wangsul dhateng kadang panatacara.
Akhirul kalam Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Tanya jawab; Inkuiri; Diskusi; Belajar dalam kelompok; dan Penugasan
D. Kegiatan Pembelajaran
| No | Kegiatan | Waktu | 
| 1. 2. 3. | Kegiatan Awal Motivasi: Guru  bertanya jawab tentang pambagyaharja. Kegiatan   Inti 2.1      Eksplorasi ·           Peserta didik menyimak    sambutan   dalam bentuk pambagyaharja. ·           Peserta   didik membaca sepenggal naskah pambagyaharja   sebagai apersepsi. ·           Peserta   didik memperoleh informasi tentang pambagyaharja. 2.2      Elaborasi 
 2.3      Konfirmasi ·           Peserta   didik secara mandiri    menentukan  pokok isi sambutan   dalam bentuk pambagyaharja. ·           Peserta   didik menyusun  kerangka sambutan dalam   bentuk pambagyaharja ·           Peserta   didik secara kreatif mengembangkan    kerangka sambutan yang berbentuk pambagyaharja   sesuai dengan unggah-ungguh bahasa Jawa ·           Peserta   didik secara komunikatif menyampaikan    secara lisan sambutan berbentuk pambagyaharja  sesuai dengan lafal, intonasi dan irama   yang tepat. ·           Peserta   didik menanggapi  secara komunikatif   penyampaian pambagyaharja   yang disampaikan temannya. ·           Guru   memberikan kejelasan tentang penyampaian pambagyaharja   yang baik. PenutupGuru menunjuk siswa secara mandiri untuk menanggapi  secara komunikatif penyampaian pambagyaharja yang disampaikan   temannya. 2.1      Penugasan   Terstruktur ·           Guru memberikan   pertanyaan-pertanyaan berkaiatan dengan sambutan dalam bentuk pambagyaharja. ·           Guru   memberikan tugas terstruktur pada peserta didik untuk mengembangkan teks pambagyaharja. 2.2      Kegiatan Mandiri Tak   Terstruktur ·           Guru memberi tugas tidak terstruktur sebagai pengayaan   materi tentang   menyampaikan sambutan  dalam bentuk pambagyaharja secara berkelompok dengan memvideokan penyampaian   pambagyaharja yang baik dengan teks yang telah ditentukan. | 5 75 10 | 
E. Penilaian Hasil Belajar
Ø  Butir Penilaian:
Wangsulana pitakon ngisor iki!
1.      Apa tema pambagyaharja ing dhuwur?
2.      Tulisen pokok-pokok pambagyaharja ing jero kothak ngisor iki!
| PETHILAN PAMBAGYAHARJA | POKOK-POKOK | 
| Para   pepundhen, para sepuh, para pinisepuh ingkang pantes pinundhi, para pangemban   pangembating praja, para satriyaning nagari ingkang pantes kinurmatan, para   kadang wredha mudha ingkang bagya mulya, para tamu kakung putri ingkang   pantes sinudarsana.  | Atur pakurmatan | 
| Keparenga   kula mambeng anggen panjenengan sadaya katemben wawan pangandikan, karana   kula piniji Bapak Santosa  sekalihan,   kinen ngaturaken wudharing gantha babaring sedya, raos suka ebahing manah   bingah saha lekasing sedya wigatosing gati ing kalenggahan punika. Minangka purwakaning atur langkung rumiyin sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken atur puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, karana sih wilasa miwah barkah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula saengga taksih saget kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala. | ………………………………. ………………………………. ………………………………. | 
| Para   lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madyaning wiwahan punika   panjenenganipun Bapak Santosa sekalihan lumantar kula ngambali ngaturaken   sugeng rawuh sinarengan raos pãnuwun ingkang tanpa pepindhan, kasuwun tansah   lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih, wondene lekas wekasing sedya   wigatosing gati kula aturaken ing mriki, nadyan panjenengan sadaya hambok   bilih sampun ngawuningani gatining sedya ing palenggahan punika ingkang   sampun sinerat ing kintaka wara punapa dene jawilan.  Nun inggih netepi darmaning asepuh Bapak Santosa sekalihan ing kalenggahan punika mahargya suta hamiwaha siwi, ngentas pitulus kenya putrinipun ingkang sesilih namipun Rr. Sinta Arum kaleksanan dhaup kallyan Bagus Hari Laksana priya tanaya panjenenganipun Bapak Suseno sekalihan ingkang pidalem ing Sragen ingkang sampun kalampahan ijab miturut satataning adat kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala, ingkang punika panyuwunipun | ………………………………. ………………………………. ………………………………. | 
| Bapak   Santosa (ingkang mengku gati) wonten ngarsa panjenengan sadaya mugi wontena   lilaning panggalih para tamu kakung putri paring jurung puja hastawa puji   hastuti dhumateng temanten sarimbit anggenya badhe gesang wonten ing alam   bebrayan tansah runtut atut miwah bagya mulya sembada ingkang jinangka basuki    kang   kaesthi. Para lenggah kakung putri ingkang satuhu kinurmatan, kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saged kalampahan karana sih pambiyantunipun para sanak kadang pawong mitra langkung - langkung para warga RT 04 ingkang punika hambok bilih panjenenganipun Bapak Santosa (ingkang mengku gati) mboten saged mangsulaken karana lahir, amung kasumanggakaken wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung mugi sih kadarman panjenengan dadosa ngamal kasaenan. | ………………………………. ………………………………. ………………………………. | 
| Para   tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana Bapak Santosa  sekalihan lumantar kula tansah hanglenggana   budi dayaning manungsa kirang sampurna, hambok bilih anggenipun nampi   kerawuhan panjenengan sadaya, kiranging tanggap tangguh gupuh mugi diagung   pangaksama, mboten kekilapan dhumateng para kadang mudha taruna anggenipun   sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sadaya, hambok bilih   wonten kiranging suba sita lumantar kula tansah nyuwun agenging pangaksama   panjenengan sadaya. | ………………………………. ………………………………. ………………………………. | 
| Hing   wasana minangka pepuntoning aturipun Bapak Santosa sekalihan lumantar kula   hambok bilih wonten kiranging boja miwah krama mugi para tamu ngluberaken   samodra pangaksama ingkang agung, kula minangka talanging basa kathah atur   kula ingkang mboten hanuju prana labet kula ugi hanglenggana kiranging   seserepan miwah kirang pana dhumateng ing reh suba sita, basa tuwin sastra,   kula amung tumadhah lubering pangaksama, salajengipun wekdal kula aturaken   wangsul dhateng kadang panatacara. Akhirul kalam Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb. | ………………………………. ………………………………. ………………………………. | 
3.      Sawise deleng pambagyaharja ing dhuwur, coba saiki gawenen kerangka pambagyaharja lamaran!
Ø  Skor Penilaian:
| No | Kunci Jawaban | Kriteria Ketepatan | ||
| Benar | Setengah | Salah  | ||
| 1 | Tema   pambagyaharja | 5 | 2,5 | 0 | 
| 2 | Pokok-pokok   isi pambagyaharja |  |  | 0 | 
|  | -            atur pakurmatan | 10 | 5 | 0 | 
|  | -            Pambuka//purwakaning   atur | 10 | 5 | 0 | 
|  | -            Isi/wigatining atur | 15 | 7,5 | 0 | 
|  | -            Pangarep-arep | 15 | 7,5 | 0 | 
|  | -            Dudutan (nyuwun   pangapunten anggenipun nampi para rawuh) | 15 | 7,5 | 0 | 
|  | -            Panutup (wusananing   atur), lan salam panutup | 10 | 5 | 0 | 
| 3 | Kerangka   pambagyaharja | 20 | 7,5 | 0 | 
|  | Total   Nilai | 100 | 50 | 0 | 
F. Media/ Sumber Pembelajaran
·           Buku Pranata Adicara Basa Jawi
·            Pinterbasajawa.co.cc
·           Buku Memetri Basa Jawa Kelas XI
·           Damar Kelas XI (MGMP BASA JAWA SMA DAN MA KOTA SEMARANG)
·           Rekaman  pambagyaharja
                                                                Semarang, 19 Juli 2011                    
Mengetahui,                                                    
Kepala Sekolah                                                           Guru  Mata Pelajaran
Drs. Waino S, S.Pd,M.Pd                                         Yeni Rahmawati, S.Pd
NIP 19550701 198703 1 003                                     NIP 19800630 200903 2 003 
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN 03
| Nama Sekolah | : | SMA N 5 Semarang | 
| Mata Pelajaran | : | Bahasa Jawa | 
| Kelas/Program/ Semester | : | XI IPA-IPS/ 1 | 
| Pertemuan ke- | : | 3 | 
| Alokasi Waktu | : | 2 X 45 menit | 
| Standar Kompetensi | : | Membaca Mampu membaca dan memahami  bacaan   sastra maupun nonsastra, berhuruf Latin maupun Jawa dengan  berbagai keterampilan dan teknik membaca. | 
| Kompetensi Dasar | : | Membaca pemahaman paragraf berdasarkan letak kalimat   utama | 
| Indikator | : | ·        Mengidentifikasi   letak kalimat utama dalam paragraf ·        Menyebutkan jenis   paragraf berdasarkan letak kalimat utama ·        Menunjukkan letak   kalimat utama dalam paragraf ·        Menunjukkan letak   kalimat penjelas dalam paragraf ·        Menemukan pokok isi   paragraf ·        Menjawab pertanyaan   berkaitan dengan isi paragraf | 
 
Tidak ada komentar:
Posting Komentar