Selasa, 14 Desember 2010


 KABUDAYAN

   C. NULIS KABUDAYAN JAWA
Kompetensi Dasar          : 8.1 Menulis wacana eksposisi dalam bentuk naskah berita     pendek
Indikator                              : 1.   Menentukan tema berita pendek
2. Membuat kerangka wacana eksposisi berupa berita pendek
                                                  3. Menulis wacana eksposisi berupa berita pendek berbahas Jawa ragam ngoko
  4.  Menulis berita dengan memperhatikan unsur-  unsur penulisan berita
  5.   Menulis wacana eksposisi berupa berita pendek berbahasa Jawa ragam krama
               Nulis wacana kuwi ora gampang, mesthine kudu eling wacana kang kepriye sing dikarepake. Mula iku ana jenise wacana antarane  narasi, deskripsi, eksposisi, argumentasi, lan persuasi.
1.      Wacana narasi yaiku : karangan kang mbudidaya nggambarake sawijining prastawa kang wis kadaden/ dumadi kanthi cetha marang kang maca, nganti wong kang maca mau, kaya-kaya ngalami utawa nyekseni dhewe prastawa kang kedaden/ dumadi.
2.      Wacana deskripsi yaiku : karangan kang nggambarake sawijining kahanan (objek) jumbuh karo kahan an satenane. Wong kang maca kaya-kaya bisa (ngingeti, krungu, ngrasakake, lan ngambu) apa kang digambarake dening penulis.
3.      Wacana eksposisi yaiku:  salah sawijining wacana kang mbudidaya ngandharake pokok pikiran sing bisa njembarake wawasan,utawa pangertene kang maca.Supaya luwih cetha biasane dilengkapi kanthi grafik utawa gambar. Wacana eksposisi adate digunakake kanggo mbabarake pengetahuan / ilmu, definisi, pengertian, langkah - langkah sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses dumadine sawijining prastawa utawa bab, tuladhane upamane carane gawe sabuk saka kulit, tas kulit, carane gawe tahu lan sapanunggalane.
4.      Wacana argumentasi yaiku: wacana kang mbudidaya menehi al;esan kanggo nguwatake utawa nampik sawijining panemu, gagasan, utawa kekarepan. Dadi ing kene, isine mbeberake bukti lan alesan kang bisa gawe uwong percaya manawa panemune kang nulis iku bener. Basane denotatif, adhedhasar kasunyatan/fakta.
5.      Wacana Persuasi yaiku: jinis karangan saliyane ngemu alesan-alesan lan bukti utawa fakta, uga ngemu ajakan utawa “imbauan” supaya kang maca gelem nampa lan melu panemu utawa kekarepane kang nulis. Lumrahe karangan jinis persuasi iki ditindakake dening wong kang gawe iklan, juru dakwah, juru kampanye, lan liya liyane.
Saka jinise wacana ing ndhuwur, ing bab iki kang arep disinaoni luwih cetha yaiku wacana eksposisi Jinising pengembangan wacan eksposisi :
a.      Proses
b.      Tuladha
c.       Sebab akibat
Carane nulis wacana eksposisi yaiku:
a.    Nemtokake underane perkara/ tema
b.    Nemtokake tujuwan
c.    Ngumpulake data saka maneka sumber
d.    Nyusun cengkorongan / kerangka  kang pas karo tema sing dipilih
e.    Ngrembakakake cengkorongan/kerangka dadi wacana eksposisi.
Wacanen lan gatekna  wacan ngisor iki kang diwaca dening kancamu!!
 Tatacara Manton Miturut Adat Jawa
Rerangkening tatacara tumrap tiyang ingkang badhe bebesanan, miturut adat jawi ingkang baku punika lamaran, ningseti, siraman, malem midodareni, ijab lan pahargyan. Ananging ugi taksih wonten tatacara adat ingkang dipunlaras saha dipunjumbuhaken kaliyan adat ingkang dipunugemi ing salah satunggaling papan lumampahing upacara pawiwahan kalawau (adat lokal).
Kangge ngawekani mbok bilih anggenipun nglamar dipuntampik, supados mboten lingsem, lajeng dipun wontenaken utusan ingkang winastan congkog. Congkog punika paraga utawi utusan saking kaluwarga badhe penganten kakung, ngawontenaken pirembagan kaliyan tiyang sepuhipun badhe penganten putri. Congkog kalawau lajeng nindaken jejibahan, tindak dhateng ndalemipun tiyang sepuhipun badhe penganten putri, nyuwun katrangan utawi nyarawidekaken menggah putrinipun ingkang katuju punika taksih lamban punapa sampun dipunsengker jejaka, tembungipun nakokaken. Lampahing congkog tumuju ndalemipun tiyang sepuhipun calon penganten putri winastan salar.
Saksampunipun wonten sasmita bilih kenya kal;awau taksih lamban, msangka tiyang sepuhipun sarujuk menawi kapundhut mantu, lajeng congkog kalawau nganti badhe penganten kakung saperlu ningali badhe penganten putri. Mila kawastanan tatacara nontoni.
  Ing jaman rumiyin limrahipun tiyang sepuhipun ingkang njodhokaken putra tuwin putrinipun. Ing jaman samangke priya wanita sampun sami pitepangan rumiyin, lajeng sami prasetya menawi badhe mangun brayat sesarengan. Tiyang sepuh kantun nglajengaken nglamar. Tatacara salar lan nontoni samangke sampun kathah katilar.
a.      Lamaran
Tatacara lamaran minangka tatacara lan subasitaning bebrayan.  Mbok bilih prayogi menawi badhe penganten kakung punika sowan dhateng tiyang sepuhipun kenya ingkang dipuntresnani sarta matur bilih tiyang sepuhipun badhe sowan saperlu ngrembag bab-bab ingkang wonten sambetanipun kaliyan putra-putrinipun
b.      Kumbakarnan/ ngrantam pamong
Ngrantam pamong pahargyan katindakaken wonten ndalemipun ingkang badhe kagungan kersa manton (tiyang sepuhipun badhe penganten putri), saperlu hambyawarakaken anggenipun badhe gadhah damel manton, saha netepaken paraga (pamong) ingkang kasuwun hambiyantu bot repotipun kaperluan tuyang gadhah damel manton.
c.        Pasrah sanggan/singsetan, liru Kalpika
Adicara punika nggadhahi sedya paring paningset, kaluwarga badhe penganten kakung dhumateng kaluwarga badhe penganten putri. Cethanipun, kakung ningseti badhe garwanipun. Adicara pasrah sanggan, singsetan lan liru kalpika, saged dipungarba dados setunggal kanthi adicara ingkang prasaja.
Ubarampenipun:
1.      Kalpika, sinandi wujuding kalpika ingkang mboten pedhotan ingkang ngemu suraos tresnanipun ingkang badhe gesang bebrayan mboten wonten pedhotipun saking awal ngantos akhir
2.      Ageman sapengadeg (kebayak, nyamping, kendhit/ stagen lsp. Ngemu suraos penganten kakung badhe nyekapi kabetahanipun garwa, nutupi sedaya wewadi , ngemuli lair batinipun, satemah garwa mboten badhe kawudan/ kecingkrangan
3.      Rerenggan pelik-pelik. Suraos bilihbadhe penganten kakung badhe ngudi sumoroting garwa, kakung mboten badhe tumindak ingkang saged ndadosaken kuceming garwa, satemah saged dados tepa palupining brayat
4.      Jadah, wajik, jenang sanes-sanesipun. Ngemu suraos bilih wos ketan menawi taksih wujud las-lasan, taksih kumempyar ananging sasampunipun dipunolah dados jadah, wajik, jenang lan sanes-sanesipun, luluh dados setunggal
5.      Lapis warni abrit pethak minangka pralambang manunggaling  rah lan sum-suming kakung putri. Rah lan sum-sum mboten saged kapisah, pisah kekalihipun ateges sirna (mboten wonten ingkang saged misahaken kekalihipun, kajawi oncat nyawa lan raga).
6.      Woh-wohan (jeram, manggis, nanas, salak lan sanes-sanesipun). Ngemu panyuwunan mugi tresnanipun kakung putri saged mujudaken woh ingkang sejati, tumuju ingkang sinedya inggih palakrami.
7.      Suruh lan gedhang ayu,penganten kekalih sampun manunggal ing cipta rasa lan karsane, satemah badhe saged saeka praya ing sedya, saeka kapti ing pakarti.
8.      Pisang ayu, limrahipun pisang raja, amrih kakung putri saged tumindak pinindha raja ingkang sarwa tanggel jawab
9.      Cengkir gadhing. Cengkir isi toya suci, muga anggenipu mangun bale wisma linambaran tresna ingkang suci
10.  Arta / buwuh. Kereta basanipun, “imbuh-imbuh anggenipun ewuh.”Tiyang manton punika panci badhe kagungan damel (ewuh).
11.  Urip-urip. Ayam lancur lan dara, utawi kambangan saged ugi banyak sajodho. Ingkang badhe jejodhoan sageda tanggel jawab dhumateng kaluwarga
Awit saking kemajengan jaman, ubarampe kalawau saged dipun damel utawi dipun entha-entha peksi. Winadhahan baki, saged dipun tambah dhaharan roti utawi nyamikan.
GLADHEN 1
Wangsulana pitakon-pitakon iki kanthi adhedhasar wacan ing ndhuwur!
1.      Apa temane wacan ing dhuwur?
2.      Miturut adat Jawa dhisik, wong duwe gawe manton kudu ngliwati laku-lakune tatacara. Tulisen kanthi urut!
3.      Apa kang dikarepake “salar”?
4.      Apa tegese “lamban”  lan sengker ing wacan ndhuwur?
5.      Sebutna apa kang kinandhut ing ubarampe cengkir gadhing manut  wacan ndhuwur!
GLADHEN  BEBARENGAN
1.      nDhapuka pepanthan kang dumadi saka siswa cacah 4 bae!
2.      Dhiskusekna wacan ing dhuwur, banjur salinen mawa basa Jawa kanthi ragam ngoko!
3.      Wacanen asile ing ngarep kelas!
GLADHEN PRIBADHI
1.      Gawea cengkorongane wacan eksposisi bab kabudayan Jawa, bisa  kanthi milih tema ing ngisor iki!
a.      Kelairan (Mendhem ari-ari)
b.      Upacara tedhak siti
c.       Upacara mitoni
2.      Rembakakna cengkorongan sing wis kogawe kanthi basa ngoko dadi wacan eksposisi, banjur aturna marang gurumu!
GLADHEN 2
1.      Ing ngisor iki ana sawijining pawarta kang arupa wacana eksposisi, coba tulisen maneh kanthi ragam basa jawa krama kang trep lan bener!
2.      Gawea pitakon-pitakon mawa unsur-unsur 5W + 1H kang wangsulane gegayutan karo wacan ngisor iki!
NGELMU TITEN NGELMUNE PARA LELUHUR
Nalika kabeh wong usreg lan kaweden marga anane pawarta saka Badan Meteorologi dan Geofisika, sing ngandharake menawa Gunung Merapi bakal njeblug; pamarintah paring pambiwara supaya wong-wong ing tlatah saerenging gunung padha mlayu ngungsi, nylametake dhiri. Kalebu Ngarsa Dalem Sri Sultan Hamengku Buwana X uga paring dhawuh. Nanging kepriye sikep lan tanggapane Mbah Marijan? Piyambake ora mosik lan tetep mbegegeg emoh ngungsi. Malah nalika kahanane gunung Merapi dianggep banget mbebayani, Mbah Marijan malah munggah menyang pucuking gunung. Pungkasane, kasunyatan gunung ora njeblug kanthi mbebayani. Wong-wong padha gumun marang panemu lan sikepe mbah Marijan iki.
Ngapa Mbah Maridjan duwe panemu lan sikep sing kaya mangkene iki? Akeh wong padha mastani menawa Mbah Maridjan nduweni daya linuwih. Mbah Maridjan nduweni rasa “caket” karo “panguwasane” gunung. Kejaba iku, Mbah Maridjan wiwit cilik urip lan panguripane ana ing gunung. Nalare mesthi wae wis manjing ajur ajer karo kahananane gunung. Mbah Maridjan kasil maca tandha-tandha alam pegunungan sing mbebayani lan sing ora mbebayani. Carane maca tandha-tandha alam ora mawa sekolah sing dhuwur, ora maca buku-buku anggitane para ahli winasis, nanging nganggo ilmu titen. Ngelmu titen iki disinau kanthi tumemen lan tekun ing sajrone laku urip. Kajaba iku pancen nduweni rasa lan pangrasa sing mirunggan tumrap alam saisine.
Biyen, mbokmenawa tumekaning saiki, janji ana kupu mlebu jeron omah utawa ana manuk prenjak ngoceh nggancer ana ing sakiwa tengene omah, mratandhani ora suwe maneh bakal ana tamu. Nalika ana manuk bence muni crat-cret ing sakiwa tengene omah ing wayah wengi, mratandhani ing sakiwa tengene omah ana durjana utawa maling. Yen ketiban cecak kanthi ora sengaja, mratandhani ora bakal suwe ana raja pati saka sadulure sing ketibanan cecak mau. Iki minangka tuladha cak-cakane ngelmu titen kang tumekaning saiki isih diugemi dening saperangan wong, mligine ing tlatah padesan.
Jaman saiki apa bisa lumaku adhedhasar ngelmu titen, sawetara tandha-tandha alam kang bisa dienggo pathokan wis ora ana? Kanggone penulis ngelmu titen kudu didarbeni dening saben wong. Amarga kahanane wis beda karo biyen, mesthine saiki ya adhedhasar kahanan kang rinasa saiki. Tuladhane, embuh esuk, awan, sore lan bengi kok hawane tansah panas banget. Bakal arep ana apa? Kasunyatan alam kahanane wis rusak dening tangan-tangane manungsa dhewe. Wit-witan padha ditegori. Gunung lan gumuk padha digundhuli. Lemah subur dilebur didadekake pomahan mewah.
Ngelmu titen ora mung winates saka tandha-tandha alam kang dumadi, nanging bisa dimangerteni saka dhiri kita pribadhi. Tuladhane, menawa ana salah sawijining sedulur sing tumindak nganeh-anehi, upamane ngomong sing aneh-aneh, bisa dimangerteni ora suwe maneh bakal nemahi lelakon sing aneh uga. Yen ana wong lara nemen, ora ngarasakake kepenak turu, ora enak mangan. E… sawijining wektu anggone mangan ndemenakake. Entek akeh. Malah sawernaning panganan katon enak dipangan. Ora mung iku wae, dheweke uga wis ora sambat kelaran. Iki bisa dititeni ora suwe maneh bakal tumekaning ajal. Wong mau aweh tandha kanthi nggawe seneng lan mareme wong liya sakdurunge ajal mungkasi. Kari awake dhewe duwe rasa kanggo maca tandha-tandha iki apa ora.
Sing saiki isih disetitekake yaiku tandha-tandha kang dumadi ing dhirine jabang bayi. Secara psikologis, kahanane bayi polos lan lugu. Bisane mung nangis lan nangis. Jejering ibu yen ora nduweni ngelmu titen kanggo ngopeni bayine, tangeh lamun ing tembe mburine dadi bocah sing gumbira uripe. Mesthine jejering ibu nduweni sesambungan rasa kang raket tumrap bayine, mula bisa ngecakake ngelmu titen kang pas. Janji nangise ngene mesthi luwe. Janji nangise rada memelas, mesthi lara lan sapanunggalane.
Ngelmu titen sejatine didarbeni saben manungsa, mung wae kethul landhepe beda-beda amarga gumantung pengolah rasa lan pangrasane pribadhine manungsa dhewe. Cara-carane ngolah rasa lan pangrasa marang alam lan sapadha-padha iku maneka warna. Ana kang mawa laku tapa brata, pasa, sesirik, donga, mulat sarira. Kanthi cara-cara kasebut dipercaya manungsa bakal bisa nata rasa lan pangrasane.
Sumber: Djaka Lodang, Minggu 20 juli 2008
WIGATI
AKSARA JAWA
Aksara nglegena tegese tanpa busana(aksara kang durung nganggo sandhangan).
Aksara nglegena cacahe ana 20, diarani Carakan (abjad tulisan jawa)nangíng uga ana sing ngarani  Denta Wyanjana.
Ing ngisor iki ditulis wewangune aksara jawa nglegena.
a
n
c
r
k
ha
na
ca
ra
ka
f
t
s
w
l
da
ta
sa
wa
la
p
d
j
y
v
pa
dha
ja
ya
nya
m
g
b
q
z
ma
ga
ba
tha
nga
Pasangan
H
N
C
R
K
ha
na
ca
ra
ka
F
T
S
W
L
da
ta
sa
wa
la
P
D
J
Y
V
pa
dha
ja
ya
nya
M
G
B
Q
Z
ma
ga
ba
tha
nga
SANDHANGAN
i
u
[
e
[  o
Wulu (i)
Suku (u)
Taling (e)
Pepet (e)
Taling terung (o)
/
h
=
\
-
Layar (r)
Wignyan (h)
Cecak(ng)
Pangkon (panyigeg)
Pengkal
]
}
?
.
,
cakra
Cakra keret
Adeg-adeg
Pada lungsi
Pada lingsa
; ;
?0?
.0.


Pada pangkat
Pada guru
Pada pancak



Tembung lingga yaiku tembung kang durung owah saka asale
Tuladhane: tulis, turu, tuku.
Tembung andhahan yaiku tembung kang wis owah saka asale, amarga oleh ater-ater, seselan, utawa panambang.
Ater-ater yaiku aksara utawa wanda kang mapan ana sangarepe tembung lingga
Warnane ater-ater:
  1. Ater-ater anuswara      : ny, m,ng,n (any, am, ang, an)
  2. Ater-ater tripurusa       : dak, ko, di
  3. Ater-ater liyane           : a, ma, ka, ke, sa, pa, pi, kuma, kapi, kami, pra
Seselan yaiku aksara utawa wanda kang mapan ing tengahing tembung lingga (-um-, -in-, -el-, -er-.
Panambang (akhiran) yaiku aksara kang mapan ing pungkasane tembung lingga wujude, -i, -ake, -ne, -ane, -ke, -ana, -ku, -mu, en-
Tuladha ngudhal tembung ( ngrimbag)
No
Ater-ater
Tembung lingga
Seselan
Panambang
Tembung andhahan
1
m/am
bathik
-
i
mbathiki
2
n/an
tulis
-
ake
nulisake
3
Ny/any
sapu
-
i
nyaponi
4
Ng/ ang
gambar
-
i
nggambari


krungu
-
ake
ngrungokake
5
-
dadi
um
-
dumadi
6
-
sawang
in
-
sinawang
7
pi
wulang
-
an
piwulangan
8
ka
bledhos
-
an
kabledhosan
9
ko
panas
-
ake
kapanasake
10
dak
gawa
-
ake/kake
dakgawakake
11
di
dhawuh
-
i
didhawuhi
12
kami
tuwa
-
ne
kamituwane
13
kuma
wani
-
nen
kumawanen
14
-
siwer
el
-
seliwer
15
tar
buka
-
-
tarbuka
16
-
crita
in
-
cinarita








  PENDADARAN
I.          Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi  menehi tandha ping (X) ing aksara a, b, c, d utawa e sing koanggep bener!
1.       Paraga utawa utusan saka kaluwarga calon penganten kakung kanggo rembugan karo wong tuwane calon penganten putri diarani ...
a.      Seker                                                                d. congkog
b.      Lamban                                                                        e. Salar
c.       Sengker
2.       Rerangkening tatacara manton kang baku yaiku lamaran, ningseti, siraman, malem midodareni, ijab lan pahargyan. Tegese tembung ningseti  yaiku ...
a.       Dandan cincin                                                                     d. Ngenteni
b.      Tukar cincin/ali-ali                                                            e. Tuku cincin
c.       Pesen cincin
3.       Ateges sucining katresnan minangka talining palakrama ing acara manton jawa iku sinandi arupa...
a.       Lapis warna abang                                                           d. Cengkir gadhing
b.      Jadah, wajik                                                                     e. Dhuwit/ kreweng
c.       pisang ayu
4.       Wacana kangnduweni tujuwan ngandharake proses biasane dijangkepi kanthi simbol utawa grafik diarani wacana ...
a.       Deskripsi                                                                              d. Argumentasi
b.      Persuasi                                                                               e. Narasi
c.       Eksposisi
5.       GolèkGedhang (ngoko) utawa Pisang (krama) iku sing thukul nglompok ing dhaérah tropis. Tandhuran gedhang kagolong kulawarga Musaceae. Ana pirang jinis gedhang sing warnané werna-werna, ananging mèh kabèh sing didol ing pasar utawa supermarket warnané yèn wis mateng lan rupané nglengkung. Gedhang akèh ngandhung kalium. Kembang gedhang diarani jantung.
Wacan ing dhuwur kalebu paragraf ...
a.                Deskripsi                                                                      d. Narasi
b.                Eksposisi                                                                      e. Argumentasi
c.                 Persuasi