Senin, 16 Juli 2012

Sesorah


Ringkesan Materi
Para siswa mesthi nate ngrungokake pidato  basa Jawa, paling ora nalika acara mantenan adat Jawa. Pidhato iku ing bebrayan Jawa asring sinebut uga medhar sabda. Atur Pangandikan  marang para tamukang ngrawuhi ing sawijine pawiwahan, kayata mantenan, supitan, bayen, rapat-rapat ing lingkungan masyarakat, pahargyan ing sekolah-sekolah lan kantor/ instansi lan sapanunggalane.
Pidhato iku nlentrehake ide utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung-tembung kang diucapake marang wong akeh temtu nganggo aturan-aturan lan tujuwan kang gumathok. Umume, pidato dilakokake wong kang dadi wakil ( sesulih ) masyarakat, pejabat, utawa penceramah. Manut isine, pidhato bisa dibedakake dadi pidato sambutan, pidato keagamaan utawa khotbah, pidhato pertanggungjawaban, lan ceramah.
Nyemak sawijining pidhato nduweni karep amrih bisa mangerteni apa-apa kang dingendikake dening priyayi kang nembe ngendikan. Mula wong bisa nyemak pidhato iku kudu mudheng tegese tetembungan kang digunakake dening ingkang ngendikan. Nyemak mbutuhake kawigaten kang mirunggan. Ora bisa mung disambi lan disangga entheng. Menawa ana sisiping tembung utawa ukara kang dingendikakake bisa nuwuhake pangerten kang beda. Luwih angel maneh nulis  naskah pidato kaya dene nulis naskah pasrah manten, sakjane ora beda karo nulis liyane, yaiku kawiwitan saka salam pambuka, purwakaning atur, wosing atur, pangarep-arep, lan panutup.  
Perangane pidhato:
a.                   Salam Pambuka
Salam pambuka iku warna-warna gumantung marang kahanan lan marang sapa anggone tanggap wacana.
Tuladha:
a.                   Assalamualaikum wr.wb ( salam miturut Islam )
b.                  Mugi sadaya katentreman saha karahayon tansah hangayomi panjenengan sami, awit sking keparengipun Gusti Allah ingkang Maha Asih........ (dibacutake nyebut sing rawuh).
b.                  Purwakaning atur ( pambuka )
Atur panuwun marang para tamu sing wis kersa nglonggarake wektu minangkani panyuwune sing duwe gawe
c.                   Wosing atur ( isi ): kabeh perkara/ kekarepane sing diwedharake
d.                  Pangajeng-ajeng
Pitudhuh-piyudhuh lan pangarep-ngarep sing diwedharake marang para rawuh
e.                  Wasana
Atur Panuwun sarta nyuwun pangapura menawa ana kekurangane ing tanggap wacana lan ana tetembungan kang marakake jengkele wong liya.
Nah coba cah, kowe kabeh duwe kemampuan nulis pidhato? Mula ayo padha gladhen. Gladhene kawiwitan nulis pokok-pokok / perangan pidhato dadi perangan ukara nganti dadi nulis naskahe, lan bisa ngandharake asil mau kanthi lisan. 


Tuladha:
 
Pamitan

Assalamualaikum wr.wb
     Bapak kepala sekolah ingkang dhahat kinabekten, bapak ibu guru ingkang kinurmatan, saha adhik-adhik ingkang kula tresnani.
     Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, ingkang sampun ngluberaken rahmat tuwin hidayah satemah kula panjenengan sedaya saged makempal wonten aula SMAN 5 Semarang kangge ngawontenaken pepisahan.
     Bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, boten kesupen kula ingkang minangka wakilipun putra-putri kelas tiga ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit keikhlasan saha sih katresnan bapak ibu guru anggenipun nggulawentah dhumateng para siswa, satemah saged ngrampungaken kuwajiban sadangunipun tigang taun kanthi tinengeran tampi ijasah.
     Bapak ibu guru tuwin adhik-adhik sedaya, sekedhap malih kula sakanca badhe nilar pawiyatan menika ingkang kula tresnani. Awrat anggen kula matur, jalaran badhe nilar guru saha adhik-adhik sedaya. Jalaran kawontenan kedah mekaten, pramila kanthi awrating manah kula sakanca nilaraken bapak ibu guru tuwin adhik-adhik. Sanadyan sampun pepisahan, ateges tebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah nyuwun supados tansah celak ing penggalih.
     Wonten pepanggihan temtu wonten pepisahan, punika kados sampun kinodrat, boten kenging dipunselaki malih. Ingkang punika sanadyan mataun-taun kempal kaliyan bapak ibu saha adhik-adhik, ing dinten menika kula sakanca kapeksa nyuwun pamit badhe nglajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan luhur. Kula sakanca nyuwun tambahing pangestu. Kosok wangsulipun kula tuwin kanca-kanca tansah memuji dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos, supados bapak Ibu saha adhik-adhik angsal rahmating Pangeran, wilujeng boten wonten alangan satunggal menapa.
     Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan menika kula panjang wiyaraken. Kula tansah nyuwun tambahing pangestu supados wilujeng ing sedayanipun. Menawi wonten kirangtrepipun tuwin kirang tata krama anggen kula matur, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Ing wasana kula kantheni sesanti “ali-ali ilang matane, aja lali karo kancane”. Nuwun.
Wassalamualaikum wr. wb.

                                            WIGATI
Pamedhar Sabda yaiku pawongan kang nindakake ayahan medharake sabdane, njlentrehake surasa utawa isine kawigaten marang sapadha-padha
          Ancas/ tujuan sesorah yaiku :
§    Menehi wara-wara kangge tiyang sanes/ informasi
§     Menehi panglipur/ gawe seneng kaliyan tiyang sanes
§ Ngaruhi supaya tumindak kaya kang dikarepake marang kang dirungokake (mengaruhi/ nggerpol)
§    Atur Pambagyaharja (khajatan)
    Methode pidhato ana werna-werna yaiku :
§  Naskah          :  sesorah kanthi maca sawutuhe/ maca naskah
§  Apalan           :  sesorah kanthi ngapalake naskah kang wis digawe
§  Impromtu       :  sesorah dadakan/ spontanitas
§  Ekstemporan  :  sesorah kanthi nggawa cathetan kang pokok-pokok


LKS XI KUPENG JAGAD


WULANGAN  1  KUPENG JAGAD ( LINGKUNGAN )



Kompetensi Dasar          : 5.1 Mendengarkan kegiatan musyawarah yang  disampaikan secara langsung tau   berupa rekaman
Indikator                              : 1.   Menyebutkan tema/ topik musyawarah
        2.   Merangkum hasil musyawarah dengan ragam  krama
                                             3.    Menanggapi pembicaraan dalam bentuk kritikan atau dukungan

MATERI RINGKES
Musyawarah mujudake dalan kang prayoga kanggo ngrampungake prekara sarana bebarengan. Ora perlu rebut adu bener (rebut pener). Sajroning musyawarah mesthine nduweni tujuwan supeket (mupakat).
Musyawarah bakal bisa lumaku kanthi becik menawa kabeh kang magepokan karo kagiyatan iku ngetrepi kewajibane dhewe-dhewe. Adakane anane sawijine pawongan kang dadi suh, kang mranata lakune musyawarah. Umpama ana ing rapat sering diarani moderator. Moderator iku kang bakal miwiti kanthi ngandharake apa kang dirembug, mratitisake sapa kang kajibah ngudhal panemu, menehi kalodhangan marang kang nanggapi, lan kang pungkasan mesthi bae nemtokake dudutan/simpulan.
Rungokna rembugan kang diparagakake dening kancamu iki kanthi premati, golekana apa isine,sapa  bae kang rembugan lan wenehana panyaruwe nganggo basamu dhewe!
Ketua OSIS                      :  Para kadang pengurus ingkang tansah kinurmatan, wonten kalodhangan punika mangga sesarengan ngrembag babagan punapa kemawon ingkang prelu dipuncepakaken kangge acara mahargya “pengetan dinten Kartini “ ingkang badhe kaleksanan surya kaping 21 April 2011
Paimin                              :  Sedherek ketua punapa kemawon wujudipun kagiyatan pengetan dinten Kartini punika? Pikajeng kula, menawi kita mangertos langkung gamblang kita mboten tumpang suh anggenipun nyepakaken sedayanipun.
Tukiman                           :  Leres punapa ingkang dipunandharaken kaliyan sedherek Paimin punika. Kita punika namung jejering siswa, kanthi mekaten ingkang saged kita adani punika mligi ingkang wonten gegayutanipun kaliyan pendhidhikan.
Ketua OSIS                      :  Maturnuwun, pitaken sedherek Paimin lan sedherek Tukiman. Miturut kabar ingkang kula tampi kagiyatanipun ingkang badhe dipunwontenaken nuninggih arupi lomba Kartini- Kartono (kapribaden gegayutan kaliyan budaya Jawi kados dene: ngangge busana Kejawen, kapribadhenipun nggambaraken Kartini, kapinteranipun mawi tanya jawab ngangge basa Jawi, Inggris, lan Sejarahipun  Kartini)
Tumini                              :  Wah, dados kagiyatan punika tataranipun sarwi jawi ta? Lajeng punapa ingkang saged kita lampahi?
Ketua OSIS                      :  Mesthinipun inggih mekaten, amargi kita piyambak piyantun jawi pramila kapurih nyengkuyung lan nglestantunaken budaya Jawi kanthi maneka cara. Supados Kabudayan Jawi saged saya ketingal ngrembaka wonten kalangan generasi mudha sapunika.
Tumini                              :  Sadherek ketua, dananipun mangke kados pundi, munapa saking sekolah utawi saking perwakilan kelas? Bilih  punika kedah dipuntemtokaken supados gamblang!
Paimin                              :  Punapa langkung saenipun inggih dipun rembag sesarengan?
Ketua OSIS                      : Maturnuwun pamanggih sedherek tumini kaliyan Paimin, mesthinipun menawi sedaya siswa ndherek lomba punapa efektif? Punapa perwakilan kelas kemawon dados saklas piyantun kalih jaler estri. Kinten- kinten sarujuk punapa mboten?
(Kanthi sesarengan Tumini, Paimin, Tukiman mangsuli sarujuuuuuk)
Tukijo                                : Kula sarujuk kaliyan pamanggih sedherek-sedherek, ananging punapa namung punika ingkang saged kita ayahi? Kadospundi gegayutanipun kaliyan pambiji, punapa saking kalangan siswa utawi kalangan dwija?
Tukiman                           :  Lha inggih mesthinipun saged nglibataken guru ta...supados lomba punika langkung mantep. Langkung-langkung wonten pitakenan-pitakenan basa jawi, Inggris, lan sejarahipun.
Ketua OSIS                      :  Leres sanget punika sedherek Tukiman. Kita kedah nglibataken para dwija. Pramila kita kedah saged nemtokaken sinten juru bijinipun, klawan saged lan mbotenipun. Pangajeng-ajengipun saged serius rancag nir ing sambekala anggenipun lomba mangke.
Tumini                              :  Sedherek ketua, menawi  mekaten mangke kula saged sesambetan kaliyan para guru kangge juru pambiji lombanipun.
Ketua OSIS                      :  Inggih maturnuwun........, sae punika. Kadospundi, taksih wonten ingkang prelu dipunrembag malih? Menawi mboten wonten, sumangga pepanggihan punika kita pungkasi, mugiya menapa ingkang sampun dipunrembag saged ndadosaken barokah Amiin, bilih anggen kula matur kathah klenta-klentunipun atur saha kirang tata trapsila ingkang kirang mranani wonten penggalih panjenengan sedaya kula nyuwun lumunturing sih pangaksami, maturnuwun.
Negesi tembung:
Kinurmatan                    : dikurmati ( kurmat , seselan  -in- panambang –an)
Kalodhangan                  : kesempatan
Mahargya                        : ngarep-ngarep tekane
Gamblang                       : cetha, jelas
Pepanggihan                  : pertemuan
Dwija                                 : guru
Pamanggih                      : pendapat
Pangajeng-ajeng          : kekarepan, harapan
Rancag nir ing sambekala : lancar, ora ana alangan

GLADHEN PRIBADHI 1
a.         Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis adhedhasar rembugan ing dhuwur!
1.         Babagan apa kang dirembug dening ketua OSIS lan para anggotane?
2.         Apa tujuwane dianakake pengetan dina Kartini?
3.         Sapa bae kang rembugan karo Ketua OSIS?
4.         Gaweya ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!
a.         Kalodhangan
b.        Pepenggihan
c.         Dwija
d.        Gegayutan
e.        Nyengkuyung
5.         Kepriye panemumu saka rembugan ing dhuwur?

A. Ringkesen bakune rembugan  ing dhuwur mau antarane 7-10 ukara banjur wacanen ing ngarep   kelas!
B. Wenehana panyaruwe saka kasil ringkesan kang diandharake dening kancamu!

GLADHEN PRIBADHI 2
1.         nDhapuka pepanthan kang dumadi saka siswa cacah 5 bae, paragakna minangka Ketua OSIS, Tukiman, Paimain, Tumini, lan Tukijo!
2.         Balenana maragakake rembugan ing dhuwur nanging nganggo basa ngoko!
GLADHEN PRIBADHI 3
Gawea pitakon lan wangsulane nganggo tembung ing ngisor iki adhedhasar isine musyawarah kasebut!
1.         Apa
Wangsulan :........................................................................................................................
2.         Sapa
Wangsulan :.......................................................................................................................
3.         Ngapa
Wangsulan :.........................................................................................................................
4.         Geneya
Wangsulan :.......................................................................................................................
5.         Kapan
Wangsulan :.........................................................................................................................

GLADHEN PRIBADHI 4
Ukara-ukara ing ngisor iki dadekna basa krama alus!
1.         Saka pangestumu aku oleh gawe loro-lorone
Wangsulan :.....................................................................................................................................
2.         Wis telung sasi iki dheweke ora tau mlebu menyang kantor
Wangsulan :.............................................................................................................................
3.         Esuk iki aku ora kena lunga, amarga dikon tunggu omah
Wangsulan :...............................................................................................................................
4.         Sapa sing ngaturi bapak ndhek mau, Bu!
Wangsulan :..............................................................................................................................
5.         Saben sasi besar ngene iki akeh wong kang duwe gawe mantu
Wangsulan :..................................................................................................................................

GLADHEN PRIBADHI 5
Jangkepana ukara-ukara ngisor iki kanthi milih tetembungan kang wus sumadya!
1.         Gandheng turune kewengen, mula dheweke tangine ....
2.         Angger kakehan ngombe kopi, mesthi banjur ...ora bisa turu-turu
3.         Ermawati kuwi yen turu saradane mesthi ... tanpa leren
4.         Kae, adhimu ..., gugahen banjur takokna ngimpi apa
5.         Yen pancen kowe wis ... ndang diturokna kana
6.         Jare durung ngantuk, geneya kok pijer ... klokap-klakep
7.         Suminem ... gregah banjur nyandhak sapu, nyaponi latar
8.         Menawi simbah dereng ... kula badhe nyuwun priksa
9.         Mau bengi turuku wis wengi, bareng turu aku ... nunggang macan
10.     Burhanudin kuwi anggere turu mesthi ... senggar-senggor tanpa leren



  1. Nglindur               b. Ngantuk          c. Kerinan            d. Kancilen          e. Turu
  f. tangi                                g. Ngimpi             h. Angop              i. Ngorok                j. arip



                                                                           WIGATI
         Widyamakna/ semantik : saka tembung widya (ngelmu) lan makna (teges/ arti) kalebu perangane ilmu basa, kang ngrembug bab teges lan bab-bab kang ana gegandhengane karo ilmu teges.
         Kang karembug ing widyamakna ing kene antarane homonim, homofon, lan homograf.
1.         Homonim
Tembung kang padha pangucape lan panulise, nanging beda tegese
Tuladha:
Wayah (putu)
Wayah (wektu)
Asma (jeneng)
Asma (lelara)
Kajeng (kayu)
Kajeng (kekarepan)
Waja (untu)
Waja (baja)
Sawang (delok)
Sawang (omah temangga)
Mawa (nganggo)
Mawa (geni)
Arep (ameh)
Arep (gelem)
Dalu (bengi)
Dalu (mateng)
Bisa (racun)
Bisa (isa)
wulan (jeneng satelit bumi)
wulan( wektu 30 dina)

2.         Homofon
Tembung sing beda panulise lan tegese, nanging pocapane padha utawa meh padha.
Tuladha:
Bank (panggonan nabung)
Bang (aran undang-undang mase)
Kukub (tutup)
Kukup (ditanggung lan diopeni)



3.         Homograf
Tembung –tembung kang padha panulise, nanging pangucap lan tegese beda.
Tuladha:
Apel ( woh-wohan)
Apel (upacara)
Lemper ( panganan)
Lemper (ora bisa mlaku)
Kecap (bumbu masak)
Kecap (ngrasakake)
Meri (iri)
Meri (anak bebek)
Geger ( ontran-ontran)
Geger (perangane awak)
Kendel (wani)
Kendel (leren/ ngaso)
Cemeng (ireng)
Cemeng (anak kucing)
Kesed ( males)
Kesed ( lap sikil)
Gendheng (payon omah)
Gendheng (edan)



PENDADARAN
I.          Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi  menehi tandha ping (X) ing aksara a, b, c, d utawa e sing koanggep bener!
1.       Kang pirembugan ing sajroning musyawarah OSIS yaiku ...
a.       Anggota OSIS                                              d. Pengurus OSIS
b.      Pembina OSIS                                              e. Pengurus OSIS lan guru
c.       Seksi-seksi  OSIS
2.       Sing dimusyawarahake yaiku...
a.     Babagan kang dicawisake kanggo ngadhepi lomba pengetean Dina Kartini
b.    Nemtokake dina pengetan Kartini
c.     Nemtokake pambiji lomba Kartini
d.    Ambal warsa SMA
e.    Pengetan dina Kamardikan RI
3.       Kang mandhegani musyawarah yaiku...
a.       Ketua panitiya                                                 d. Ketua OSIS
b.      Anggota OSIS                                                e. Pembina OSIS
c.       Pengurus lomba
4.       Bapak lan Ibu kondur saking Semarang ... angsal-angsal kathah.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ...
a.       Tumbas                                                         d. Mundhut
b.      Ngasta                                                           e. Mbekta
c.       Nggawa
5.       Tembung mawa ing ukara ngisor iki kang ateges geni, yaiku ...
a.       Sepatune kelap-kelip, mawa lampu ing ngisore
b.      Aja padha dolanan mawa, mengko bisa ndadekake kobongan
c.       Saben dina Senen para siswa seragam OSIS mawa topi lan dhasi
d.      Aja angger omong, guneman iku kudu mawa paugeran
e.      Negara mawa tata, desa mawa cara
6.       Tembung-tembung ngisor iki kalebu homograf yaiku ...
a.                meri                                                     d. Sawang
b.                Bang                                                    e. Asma
c.                 Dalu
7.       Ing ngisor iki sing trep karo homonim, yaiku ...
a.                Tembung sing padha pangucape nanging beda teges lan panulise
b.                Tembung sing padha tulisane nanging beda pangucape lan tegese
c.                 Tembung sing padha tulisane lan pangucape nanging beda tegese
d.                Tembung sing beda tulisane lan pangucape nanging padha tegese
e.                Tembung padha tulisane, pangucape lan maknane
8.       Tembung kajeng ing ngandhap punika tegesipun kayu, inggih punika ...
a.       Kajengipun bapak kados pundi, kula ndherek mawon
b.      Pak Santosa nyigari kajeng ing wingking griya
c.       Menawi gadhah kekajengan boten saged disemayani
d.      Kajenge, mangke rak mendel piyambak
e.      Kekajengan kula mangke wangsul sonten
9.       Tembung loro kang duwe teges dhewe-dhewe yen kadhapuk dadi siji, tegese beda adoh karo tembung asale. Pranyatan kasebut minangka pangertene tembung ...
a.                Camboran tugel                                 d. Camboran susun
b.                Camboran wutuh                               e. Camboran raketan
c.                 Camboran sadrajad
10.   Ing ngisor iki kalebu tembung camboran tugel yaiku ...
a.                Nagasari                                          d. rajakaya                                                           
b.                Botsih                                              e. Semarmendem
c.                 Rajalele

                                                                       WIGATI
Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih nanging mengku teges siji. Miturut wangune, tembung camboran kaperang dadi 2 yaiku:
1.         Tembung camboran wutuh yaiku tembung loro kangduwe teges dhewe-dhewe  yen kadhapuk dadi siji, tegese seje adoh saka tembung asale.
Tuladha: “rajalele” saka tembung “raja” lan “lele” raja tegese sing mimpin kaya dene ing kraton, lele tegese iwak, yen wis digathukake dadi siji, rajalele tegese arane beras, dudu raja lan lele maneh.
Tuladha liyane yaiku:
a.         Nagasari saka tembung naga lan sari (jeneng panganan)
b.        Semarmendem saka tembung semar lan mendem ( jeneng panganan saka ketan)
c.         Rajakaya saka tembung raja lan kaya (kewan sikil papat)
d.        Rajabrana saka tembung raja lan brana (emas-emas)
2.         Tembung camboran tugel yaiku tembung loro utawa luwih kang kapunggel mung dijupuk mburine utawa ngarepe, kanthi pangajab kanggo ngringkes tembung utawa ngringkes ukara
Tuladha:
a.         Lunglit saka tembung balung karo kulit
b.        Dubang saka tembung idu karo abang
c.         Dhegus saka tembung gedhe karo bagus
                                                SUGENG MAKARYA