Senin, 16 Juli 2012

Sesorah


Ringkesan Materi
Para siswa mesthi nate ngrungokake pidato  basa Jawa, paling ora nalika acara mantenan adat Jawa. Pidhato iku ing bebrayan Jawa asring sinebut uga medhar sabda. Atur Pangandikan  marang para tamukang ngrawuhi ing sawijine pawiwahan, kayata mantenan, supitan, bayen, rapat-rapat ing lingkungan masyarakat, pahargyan ing sekolah-sekolah lan kantor/ instansi lan sapanunggalane.
Pidhato iku nlentrehake ide utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung-tembung kang diucapake marang wong akeh temtu nganggo aturan-aturan lan tujuwan kang gumathok. Umume, pidato dilakokake wong kang dadi wakil ( sesulih ) masyarakat, pejabat, utawa penceramah. Manut isine, pidhato bisa dibedakake dadi pidato sambutan, pidato keagamaan utawa khotbah, pidhato pertanggungjawaban, lan ceramah.
Nyemak sawijining pidhato nduweni karep amrih bisa mangerteni apa-apa kang dingendikake dening priyayi kang nembe ngendikan. Mula wong bisa nyemak pidhato iku kudu mudheng tegese tetembungan kang digunakake dening ingkang ngendikan. Nyemak mbutuhake kawigaten kang mirunggan. Ora bisa mung disambi lan disangga entheng. Menawa ana sisiping tembung utawa ukara kang dingendikakake bisa nuwuhake pangerten kang beda. Luwih angel maneh nulis  naskah pidato kaya dene nulis naskah pasrah manten, sakjane ora beda karo nulis liyane, yaiku kawiwitan saka salam pambuka, purwakaning atur, wosing atur, pangarep-arep, lan panutup.  
Perangane pidhato:
a.                   Salam Pambuka
Salam pambuka iku warna-warna gumantung marang kahanan lan marang sapa anggone tanggap wacana.
Tuladha:
a.                   Assalamualaikum wr.wb ( salam miturut Islam )
b.                  Mugi sadaya katentreman saha karahayon tansah hangayomi panjenengan sami, awit sking keparengipun Gusti Allah ingkang Maha Asih........ (dibacutake nyebut sing rawuh).
b.                  Purwakaning atur ( pambuka )
Atur panuwun marang para tamu sing wis kersa nglonggarake wektu minangkani panyuwune sing duwe gawe
c.                   Wosing atur ( isi ): kabeh perkara/ kekarepane sing diwedharake
d.                  Pangajeng-ajeng
Pitudhuh-piyudhuh lan pangarep-ngarep sing diwedharake marang para rawuh
e.                  Wasana
Atur Panuwun sarta nyuwun pangapura menawa ana kekurangane ing tanggap wacana lan ana tetembungan kang marakake jengkele wong liya.
Nah coba cah, kowe kabeh duwe kemampuan nulis pidhato? Mula ayo padha gladhen. Gladhene kawiwitan nulis pokok-pokok / perangan pidhato dadi perangan ukara nganti dadi nulis naskahe, lan bisa ngandharake asil mau kanthi lisan. 


Tuladha:
 
Pamitan

Assalamualaikum wr.wb
     Bapak kepala sekolah ingkang dhahat kinabekten, bapak ibu guru ingkang kinurmatan, saha adhik-adhik ingkang kula tresnani.
     Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, ingkang sampun ngluberaken rahmat tuwin hidayah satemah kula panjenengan sedaya saged makempal wonten aula SMAN 5 Semarang kangge ngawontenaken pepisahan.
     Bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, boten kesupen kula ingkang minangka wakilipun putra-putri kelas tiga ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit keikhlasan saha sih katresnan bapak ibu guru anggenipun nggulawentah dhumateng para siswa, satemah saged ngrampungaken kuwajiban sadangunipun tigang taun kanthi tinengeran tampi ijasah.
     Bapak ibu guru tuwin adhik-adhik sedaya, sekedhap malih kula sakanca badhe nilar pawiyatan menika ingkang kula tresnani. Awrat anggen kula matur, jalaran badhe nilar guru saha adhik-adhik sedaya. Jalaran kawontenan kedah mekaten, pramila kanthi awrating manah kula sakanca nilaraken bapak ibu guru tuwin adhik-adhik. Sanadyan sampun pepisahan, ateges tebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah nyuwun supados tansah celak ing penggalih.
     Wonten pepanggihan temtu wonten pepisahan, punika kados sampun kinodrat, boten kenging dipunselaki malih. Ingkang punika sanadyan mataun-taun kempal kaliyan bapak ibu saha adhik-adhik, ing dinten menika kula sakanca kapeksa nyuwun pamit badhe nglajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan luhur. Kula sakanca nyuwun tambahing pangestu. Kosok wangsulipun kula tuwin kanca-kanca tansah memuji dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos, supados bapak Ibu saha adhik-adhik angsal rahmating Pangeran, wilujeng boten wonten alangan satunggal menapa.
     Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan menika kula panjang wiyaraken. Kula tansah nyuwun tambahing pangestu supados wilujeng ing sedayanipun. Menawi wonten kirangtrepipun tuwin kirang tata krama anggen kula matur, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Ing wasana kula kantheni sesanti “ali-ali ilang matane, aja lali karo kancane”. Nuwun.
Wassalamualaikum wr. wb.

                                            WIGATI
Pamedhar Sabda yaiku pawongan kang nindakake ayahan medharake sabdane, njlentrehake surasa utawa isine kawigaten marang sapadha-padha
          Ancas/ tujuan sesorah yaiku :
§    Menehi wara-wara kangge tiyang sanes/ informasi
§     Menehi panglipur/ gawe seneng kaliyan tiyang sanes
§ Ngaruhi supaya tumindak kaya kang dikarepake marang kang dirungokake (mengaruhi/ nggerpol)
§    Atur Pambagyaharja (khajatan)
    Methode pidhato ana werna-werna yaiku :
§  Naskah          :  sesorah kanthi maca sawutuhe/ maca naskah
§  Apalan           :  sesorah kanthi ngapalake naskah kang wis digawe
§  Impromtu       :  sesorah dadakan/ spontanitas
§  Ekstemporan  :  sesorah kanthi nggawa cathetan kang pokok-pokok


1 komentar: