Kamis, 28 Oktober 2010

Modulku

Petunjuk Guru
MODUL

Mata Pelajaran    :  Bahasa Jawa
Kelas/Semester    :  XII/1
Tema            :  Ngipuk-ipuk budaya
Standar Kompetensi    :  B. Kemampuan Sastra (Mendengarkan / ngrungokake )
5. Ngrungokake lan mahami sarta menehi panyarwe kanthi lisan, non sastra saka kagiyatan ngrungokake (kethoprak, ludruk, sandiwara lsp) sarta wayang

Kompetensi Dasar           : 5.1 Ngrungokake pawarta lan nanggepi kethoprak/drama



Waktu     :  2 x 45 menit
Penulis    :  Yeni Rahmawati, S.Pd.
Wacanen pitudhuh- pitudhuh ngisor iki!

   I. Standar Kompetensi:

   B. Kemampuan Sastra (Mendengarkan / ngrungokake )

5. Ngrungokake lan mahami sarta menehi panyarwe kanthi lisan, non sastra saka kagiyatan ngrungokake (kethoprak, ludruk, sandiwara lsp) sarta wayang




   II. Kompetensi Dasar:

5.1 Ngrungokake pawarta lan nanggepi kethoprak/drama

   III. Materi:

Materi kang arep dibahas ing modul iki antarane:

· Tuladha Teks Kethoprak, rekaman

· Tema kethoprak

· Penokohan lan perwatakan sawijining crita kethoprak

IV. Petunjuk Kagiatan Belajar Mengajar :

    Pendahuluan

    Motivasi :

1.  Guru tanya jawab karo siswa babagan kethoprak kang wis tau dirungokake

2.  Guru tanya jawab karo siswa babagan mupangate ngrungokake kethoprak

Kegiatan inti:

Tatap Muka

§  Peserta didik nyemak  kethoprak (lisan / tulis)

§  Kanthi individual, peserta didik nyathet pokok informasi-informasi saka crita kethoprak

Tugas Terstruktur

§  Peserta didik nerangake tema kethoprak

§  Peserta didik nerangake paraga lan watak-watake

§  Peserta didik menehi dudutan

§  Peserta didik siji menehi tanggepan  marang peserta didik liya

§  Peserta didik nyritakake maneh isi kethoprak

§  Peserta didik mangsuli pitakonan

Penutup

1. Refleksi

Siswa nyusun dudutan  wosing pasinaon kanthi bimbingan saka guru

2. Uji Kompetensi tulis

a.  Apa irah-irahane crita kethoprak kang korungokake?

b.  Apa kang dadi underane perkara/ temane?
c.  Sapa kang dadi tokoh utama? Kepriye mungguh watake tokoh mau?

d.  Sapa kang ngalang-alangi kekarepane tokoh utama lan apawatake tokoh iku!

e.  Apa dudutan kethoprak kang wis korungokake!

3.  Tugas omah ( PR )

Tugas mandiri

a.  nyemak crita kethoprak ing TV/ Radio

b.  Nyathet isi bab-bab kang wigati

c.  Nglaporake asil kagiyatan kanthi format kang wis ditemtokake dening gurune

IV. Alat Pembelajaran                     : LCD, CD rekaman kethoprak

Sumber belajar Indoor                     : Buku Basa Jawa XII terbitan Pemkot Semarang

Sumber belajar Outdoor                    : internet, TV, Radio

V.  Penilaian

a. Alat Penilaian

    Penilaian akhir modul iki dilaksanakake kanthi tugas nyemak sawijining  crita kethoprak ing TV, Radio lan nggawe laporan marang gurune

 b. Cara Penilaian

Babagan kang wigati
  

Wangsulan

a.    Irah-irahan
  

.......................

b.    Underane perkara/ tema
  

.......................

c. Tokoh utama lan watake
  

........................

d.  Tokoh antagonis lan watake
  



e.  Isi bakune crita
  




Petunjuk Siswa

                   

Wacanen pitudhuh-pitudhuh ing ngisor iki!

1. Sawise nggarap modul iki siswa supaya:

   a. Nyathet babagan isi crita kethoprak kang dirungokake kanthi ukara kang trep

   b. Nerangake kanthi lisan dudutan, ringkesan kethoprak

   c. Nggawe  laporan kagiyatan nyemak crita kethoprak ing TV, Radio

2. Ing modul iki para siswa arep ngrungokake crita kethoprak

3. Kagiyatan-kagiyatan kang perlu dilakokake sajroning tema iki yaiku:

   a.  Melu apersepsi kang diandharake dening guru

   b.  Ngrungokake pawarta babagan kabudayan jawa sawijine yaiku kethoprak

   c.  Nulis babagan isi kethoprak kasebut dadi perangan- perangan ukara

   d.  Kanthi lisan nerangake dudutan, ringkesan marang siswa liya

   e.  Menehi panyarwe dudutan, ringkesan isi kethoprak kang diandharake siswa liyane

   f.  Nyemak isi uraian kang wigati

   g.  Nyathet isi uraian kang penting

   h.  Nglaporake asil kagiyatan kanthi format kang wis ditemtokake guru

Ringkesan Materi

        Kethoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa Tengah, ananging uga bisa tinemu ing Jawa Wetan (Jawa Timur ). Kethoprak wis nyawiji dadi budaya masyarakat Jawa Tengah lan bisa ngasorake kesenian liyane, umpamane Srandhul, Emprak lan sakliyane. Kethoprak wiwit bebukane awujud dedolanan para priya ing dhusun kang lagi nganaake lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari , kasebut Gejog. Ana ing tembe kaering tembang bebarengan ing kampung /dhusun kanggo lelipur. Sakteruse ana tambahan kendhang, terbang, lan suling, mula wiwit saka iku kasebut Kethoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Sakbanjure, ana ing tahun 1909 wiwitan dianaake pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap.

Pagelaran Kethoprak wiwitan kang resmi ing ngarsane masyarakat/umum, yakuwi Kethoprak Wreksotomo, dipandhegani dening Ki Wisangkoro, sing mandhegani kabeh para pria. Carita kang dipagelarake yaiku : Warsa-Warsi, Kendana Gendini, Darma-Darmi, lan sapanunggalane. Sawise iku pagelaran Kethoprak sansaya suwe dadi lan apike lan dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Jogjakarta. Ing kadadeyan sakwise, Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggone carita lan uga kaering gamelan. Anane gegayutan karo pagelaran “teater” para narapraja , mula pagelaran Kethoprak bisa dibedakke mengkene :

Kothekan Lesung : awujud awal mulane Kethoprak lan dadi winih ing tembe mburi dadi pagelaran Kethoprak. Kethoprak Lesung Wiwitan : wiwitane saka kothekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita, panguripane para tani. Kethoprak Lesung : Amujudake pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kaya ta gendang, suling, terbang lan lesung. Iki kang bakal lan lahire pagelaran Kethoprak.

Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman‘mesiran’(Baghdad).

Kethoprak Gamelan Pendhapa : carita-caritane ngemungake carita Babad, dipagelarake nganti seprene . Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendapa ( Pagelarane ana ing ‘Pendapa’).

Kethoprak Panggung : Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yoiku Kethoprak kang di pagelarake ana ing panggung kanti carita campur, awujud carita rakyat, sejarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca (”Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ).

       Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis, uga kanggone para nayaga (pemain ) lan pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi panguripan . Tehnik pagelaran lan carita digawe luwih apik lan ditindaake kanthi teges lan tumemen. Conto mau bisa dipirsani ana ing Kethoprak “Siswo Budoyo” saking Tulung Agung, Jawa Wetan kang wis misuwur ana ing ngendi wae , dadi klangenane masyarakat. Rupa-werna carita pagelaran Kethoprak umpama carita rakyat, dongeng, babad, legenda, sejarah lan adaptasi saka nagari manca bisa uga migunaake swasana Indonesia, contone karya Shakespeare : Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku : Darma - Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi (crita Menak), Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita Panji), Ande - ande Lumut, Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka Bodo.

Carita klangenan masyarakat bisa arupa carita pahlawanan, paperangan , carita nglempengake kabeneran biasane ing akhir carita sing gawe bebener, jujur lan baik antuk kamenangan. Ageman para nayaga pemain di padaake karo carita kang dipagélarake, . Biasane nganggo ageman para Narapraja Jawa wektu jaman kerajaan biyen. Umpama Pangeran Wiroguna, Agemane ngangga Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah ( Jogaakarta ), Semono uga para prajurit. Nanging ana uga ageman kang arupa simbolis ,umpama Piyantun Wicaksana aweni ageman cemeng , Piyantun suci awerni agemman pethak, ingkang kendhel agemane abang. Carita Baghdad agemane kasebuat “Mesiran” nganggo ageman sutra. Agemen Wayang Wong uga ana gegayutan karo Kethoprak, utamane Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pesisir Lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.

         Uga ana ageman kasebut basahan, yokuwi ageman kejawen ananging cinampur ing liyan bisa arupa ageman batik, lan beskap uga surban (biasane nganggo uga jubah). Ageman basahan iki biasane ana ing carita Menak utawa carita para wali/para ulama Islam ing sajerone praja. Sing dadi ciri wancine Kethoprak : Carita kanthi para nayaga/pemain , kaering tabuhan (gamelan) ,Ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak . Rembugan uga biasa nganggo tembang ,dadi tembang bisa mujudake dadi pangiring adegan, dialog, monolog ( rerasan dewe) utawa dadi narasi. Wondene unining gamelan kanggo ngeringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, kang mbedaake adegan siji lan sijine.

         Alat-alat kanggo ngeringi tembang : Kendang, saron, ketuk, kenong, kempul dlan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep biasane nganggo suling utawa terbang. kanthi tambahan keprak. Para nayaga kethoprak biasane pinter anggone “akting” uga kudu pinter nyanyi & nari . Para pradangga gamelan, bebarengan karo sinden (waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak. Senadyan sing dienggo basa Jawa nanging kudu nganggo “unggah-ungguh” basa. bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil.

         Ing wektu saiki, ana ing wolak waliking jaman , kethoprak uga duwe “improvisasi” kanthi wujud dagelan kethoprak. Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan televisi. Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dagelan . mligi ngemungake lan nyenengake pamirsane. Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biasane wis ora nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, sing baku bisa gawe geguyu. Carita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak ora jangkep.





                                              WIGATI

Ø  Tema crita yaiku kang dadi underane perkara, underane perkara ngemot prekara panguripane manungsa lan prekara kasebut ora kudu dirampungake ing crita. Karampungane critaana kang dipasrahake marang kang ngrungokake.

Ø  Miturut ayahane ing crita, tokoh kaperang dadi telu, yaiku:

1. Tokoh protagonis, tokoh utama crita kang ngadhepi prekara. Tokoh iki adhakane dipapanake dadi tokoh kang antuk kawigatene pamiyarsa jalaran sipate becik

2. Tokoh antagonis, tokoh kang ngalang-alangi tokoh protagonist

3. Tokoh tritagonis, tokoh kang ngrewangi tokoh liya, bias tokok protagonist utawa tokoh antagonis.



Ø  Watak tokoh sajrone crita bisa ditilik saka:

1. kahanan awake tokoh (dimensi fisiologis): umure, jenis kelamine, gedhe cilice lsp.

2. Kajiwane (dimensi psikologis): pakulinane, pamikire, sikepe, lsp.

3. Kalungguhane (dimensi sosiologis): drajate, pangkate, gaweyane, pendidikane, agamane, lsp.




Ø  Tembung kethoprak asale saka wiramane gamelan sing pating kethoprak. Paragane kabeh priya lan during akeh kaya saiki. Adate padha ngrangkep (lanang dadi wadon). Para paraga kudu njoged dhisik sakdurunge jejeran.

Ø  Gamelan lesung nganggo pesindhen utawa ora nganggo gendhing. Paraga kudu nembang ing adheg-adhegan kang wus katemtokake. Umpamane yen ana paraga kang lagi gandrung, nembang macapat sinom Parijatha utawa tembang macapat liyane, malah kadhang kala nganggo tembang lagu keroncong Morisco.

Ø  Kethoprak sing nganggo gamelan kawiwitan taun 1927, nanging lesung during ilang, dadi gamelan campur lesung. Wektu iku mlebu kahanan transisi antarane kethoprak lesung dadi kethoprak gamelan. Wusanane taun 1928 lesung diilangi babar pisan.

Ø  Majune jaman, njalari owah-owahan ing babagan sandhangan. Sandhangane saya maju lan panganggopne dilarasake karo critane. Upamane crita Babad Demak ( kejawen), crita Arab ya nganggo jubah-jubah lsp.

Ø  Jogede uga diowahi dadi jogged kambeng, katindakake nalika arep miwiti jejeran

Ø  Kajaba iku, ana owah-owahan ing babagan lakon. Wong-wong wis wiwit mikir, menawa crita kudu dipili sing mranani ati. Ewo semono, Pemerintah Kolonial nglarang kethoprak njupuk crita saka Babad Demak tekan Mataram.

Ø  Taun 1930-an ana gagrag anyar kang njupuk saka crita njaban rangkah. Kayata saka Cina, umpamane Si Jin Kui ( Jaka Sudira), crita menak, crita Nabi- nabi, lsp. Nalika semana uga diadani budi daya ngimpun lakon-lakon kethoprak awujud crita-crita  karangan utawa njupuk saka Babad lan sumber liyane.

Ø  Kethoprak kudu romantic lan paprangan. Awit crita kang mangkono iku mranani lan nengsemake atine masyarakat. Mula saben bengi mesthi nyuguhake lakon-lakon sing romantic lan paprangan.





LEMBAR KAGIATAN SISWA

    Rungokake / nyemak nalika naskah kethoprak  diwacakake kancamu!




  

                              Pusaka Layangan Salaka Dhomas
                            (Sumber: Mundhinglaya Di Kusuma)

Taman Keputren Pejajaran

Garwa prameswari Padmawati nembe semedi, mbesem dupa. Dhatengipun raseksa Sang Guriang, Jim Abang, Jim Ireng, sami nggodha Padmawati, nanging mboten keguh. Tumunten Sang Guriang badhar dewa Sambu, ngasta pusaka Layangan Salaka Dhomas. Dewa Sambu paring wangsit, bilih Pejajaran saged ayom-ayem tata titi tentrem manawi saged kadunungan Pusaka Layangan Dhomas.

Kadipaten Kutha Barang

Adipati Guru Gantangan bage binage dhumateng Rekyana Patih Halang Balang. Sasampunipun Adipati Guru Gantangan kegut dhumateng pangrimukipun Patih Halang Barang perkawis lintiran Keprabon Pejajaran, tumunten ngaturi ingkang ibu pun Raden Ayu Mantri dipunsuwuni wawasan. Sawetawis Raden Ayu Mantri paring peling supados narimah ing sapandum, awit sampun wonten wisudhan inggih punika Mundinglaya putra saking garwa prameswari minangka Pangeran Pati. Sasampunipun Patih Halang Balang caos wawasan, RA Mantri kegut. RA Mantri dipun aturi maeka dhumateng Mundinglaya, Guru Gantangan dipunaturi manunggal kaliyan brandhal Gadjah Siluman.

Alas Roban

Brandhal Gadjah Siluman sakancanipun ing Alas Roban sami pesta andrawina. Katungka dhatengipun Patih Kidang Penanjung saperjuritipun nggropyok brandhal Gadjah Siluman sakancanipun.

Alas Roban

Gadjah Siluman sakanca perang mengsah Patih Kidang Penanjung saperjuritipun, wusana Gadjah Siluman sakancanipun kawon, keplayu. Gadjah Siluman sakancanipun pinanggih kaliyan Adipati Guru Gantangan, karimuk badhe dipunparingi kalenggahan kanthi sarana purun manungkul. Samangke sasampunipun dipunsowanaken, manawi dipundangu dening Prabu Siliwangi purih matur bilih ingkang mbujuki damel reresah wonten ing Pejajaran Patih Kidang Penanjung. Sasampunipun dipunmanah-manah saha badhe dipunparingi kalenggahan, Gadjah Siluman sakanca nampi pangrimukipun Adipati Guru Gantangan. Kidang Penanjung dhateng, priksa bilih Gadjah Siluman sampun manungkul, badhe dipun pulasara, nanging dipundhuwa dening Adipati Guru Gantangan. Sasampunipun Adipati Guru Gantangan caos atur, Patih Kidang Penanjung nampi. Gadjah Siluman sakancanipun dipunsowanaken wonten ing Pejajaran.

Taman Muaraberes

Raden Mundinglaya putranipun Prabu Siliwangi ing Pejajaran andon asmara kaliyan pacanganipun ingkang sesilih Asri ing Kadipaten Muaraberes. Adipati Geger Malela kadangipun sepuh Dewi Asri dhateng, paring pemut dhateng kekalihipun bilih nembe pacangan, mboten prayogi manawi andon asmara ngantos wanci dalu. Raden Mundinglaya nyuwun pamit.

Taman Pejajaran

Abdi Guyub, Rukun, Gemi, sami guyon parikena. Raden Ayu Retna Mayang garwa seliripun Sang Prabu Siliwangi dhateng, swasana nimbuhi gayeng. Raden Ayu Mantri, ugi garwa seliripun Sang Prabu Siliwangi, dhateng, mbujuk dhumateng Retna Mayang kapurih ngrimuk Mundinglaya supados samangkeh Mundinglaya purun nanggapi katresnanipun Retna Mayang kanthi dipuniming-imingi saged dados garwa prameswari. Raden ayu Mantri nilaraken papan, Retna Mayang utusan abdi nimbali Mundinglaya. Mundinglaya dhateng karimuk dening Retna Mayang kedhatengan Raden Ayu Mantri. Raden Ayu Mantri badhe konjuk atur dhumateng Prabu Siliwangi, bilih Mundinglaya nggonjak dhumateng Retna Mayang.

Kraton Pejajaran

Prabu Siliwangi kejawi menggalihaken prakawis Patih Kidang Penanjung anggenipun dipunutus ningkes brandhal Gadjah Siluman sakancanipun ugi menggalihaken wangsit ingkang dipuntampi dening ingkang garwa prameswari Fatmawati. Sawetawis Begawan Sidik Pamungkas caos atur perkawis wangsit. Sowanipun Patih Kidang Penanjung nyowanaken brandhal Gadjah Siluman sakancanipun. Sasampunipun dipundangu, Gadjah Siluman waleh bilih minangka dhalangipun damel reresah pun Patih Kidang Penanjung. Patih Kidang Penanjung saha Gadjah Siluman dipunkunjara. Sowanipun garwa selir RA. Mantri ngaturaken bilih Mundinglaya bebedhangan kaliyan Retna Mayang. Wusana Retna Mayang dipunkunjara, Mundinglaya dipundhawuhi ngupadi pusaka Layangan Salaka Dhomas.

Margi

Gonjang, Wijang, Kleyang, abdi katemanggungan Kutha Barang, dipundhawuhi nyegat lampahipun R. Mundinglaya. R. Mundinglaya dhateng, wusana dados tawur, Gonjang sakanca kawon.

Kadipaten kutha Barang

Adipati Guru Gantangan ngaturaken kawontenanipun Praja Pejajaran. Suntenjaya matur bilih kepingin Dewi Asri pacanganipun Mundinglaya. Patih Halang Balang dipundhawuhi nglamar.

Kadipaten Muaraberes

Adipati Geger Malela nglipur dhumateng kadangipun anem pun Dewi Asri kang katemben sisah manahipun jalaran mireng pawartos bilih pacanganipun ingkang nama Mundinglaya, bebedhangan kaliyan Retna Mayang. Patih Halang Balang sowan. Dewi Asri dipundhawuhi sumingkir. Halang Balang ngaturaken dipunutus dening Adipati Guru Gantangan nglamar Dewi Asri badhe dipundhaupaken kaliyan Suntenjaya saha maringaken pitukon. Adipati Geger Malela dereng saged nampi panglamar saha pitukon. Rehne Patih Halang Balang namung sadermi dipunutus, pramila lajeng nyuwun pamit. Dewi Asri dhateng, mboten sagah nampi panglamar saha pitukon saking Adipati Guru Gantangan.

Sanjabaning Langit

R. Mundinglaya dipuncegat dening Jim Abang saha Jim Ireng. Jim Abang saha Jim Ireng dipuntamani pusaka Kyai Tulang Ponggong sami mlajar. Dhatengipun raseksa Sang Guriang, wusana dados tawur. Sang Guriang dipuntamani pusaka, badhar Dewa Sambu. Sawetawis Dewa Sambu paring wejangan saha paring pusaka Layangan Salaka Dhomas.

Kadipaten Kutha Barang

Adipati Geger Malela mangsulaken rembag perkawis panglamar saha pitukon, awit Dewi Asri mboten purun dipundhaupaken kaliyan Suntenjaya. Adipati Guru Gantangan muntab manahipun. Adipati Geger Malela nilaraken papan. Adipati Guru Gantangan paring dhawuh nggecak perang wonten ing Kadipaten Muaraberes.

Pabaratan

Prajurit Muaraberes ingkang dipunpandhegani Adipati Geger Malela tawur mengsah prajurit Kutha Barang ingkang dipunpandhegani Adipati Guru Gantangan, wusana Adipati Geger Malela kawon. Prajurit tawur, Geger Malela pinanggih Guru Gantangan.

Margi

Dewi Asri dipunglandhang saha dipunrimuk dening Suntenjaya supados purun dipunpundhut garwa, nanging mboten purun. Mundinglaya dhateng, paring pemut dhumateng tuimindakipun Suntenjaya. Suntenjaya tumunten nilaraken papan.

Kraton Pejajaran

Prabu Siliwangi ngawontenaken parepatan. Sowanipun Mundinglaya, Geger Malela, lan Dewi Asri. Mundinglaya nyaosaken Pusaka Layangan Salaka Dhomas. Geger Malela nyuwun pengadilan awit Kadipaten Muaraberes dipunrisak dening Guru Gantangan. Sowanipun Guru Gantangan lan Suntenjaya nyuwun pengadilan. Prabu Siliwangi paring pengadilan saha misudha Mundinglaya minangka Pangeran Pati.

Wangsulana kanthi ringkes lan bener pitakon- pitakon  ing ngisor iki!

1.  Apa irah-irahan crita kethoprak kang korungokake?

2.  Apa kang dadi underane perkara/ tema?

3.  Sebutna paraga protagonist ing  kethoprak iku!

4.  Sapa kang dadi tokoh antagonis?

5.  Wenehana dudutan saka crita kethoprak iku nganggo basa kang trep!


Lembar Tes siswa


   1. Rungokna crita kethoprak ing Radio, TV banjur  gawea laporan kanthi format iki!



LAPORAN NGRUNGOKAKE KETHOPRAK

Underane perkara kethoprak                       :

Dina/ tanggal                                    :

Wektu/ tabuh                                     :

Panggonan                                        :

Ringkesan crita kethoprak                        :             

Penemuku  marang isi kethoprak                   :


   2. Wacanen laporanmu ing ngarep kelas kanthi gentenan!

   3. Menehi tanggepan laporan siswa                  liya-liyane!                                                                                                                                                                                                                                                                                     

Pranatacara-KU


Assalamualaikum warrahmatullahi wabarakatuh
Nuwun
Mahardikeng Tyas ing kamardikan
Nugraha wiwah sih wilasanipun Gusti ingkang Maha tunggal, mugi sanitiyasa sumandha wonten ing jiwanggo kita, waradin sagung dumadi, raharjo niskala satuhu

Dhumateng Bapak Waino ingkang mandhegani pawiyatan SMA N 5 semarang,
Para sesepuh saha pinisepuh ingkang pantes sinungkeman,
Para kadang dwija, pawong mitra, saha sentana warga, Sumambrahipun dhumateng sagunging para rawuh kakung putri wredha mudha minulya.

Sagah kajibah mingkuh katempuh, mestuti dhawuhipun pamangku gati nuninggih (ketua panitia) bapak .................sekaliyan keparengna kula pun yeni rahmawati ( panatacara) marak ing ngarsa panjenengan awit ing titiwanci punika kula kadhawuhan mranatacara ing ...................( tema acara).
Para rawuh ingkang minulya. Burat padha tresnaning putra, sisa brama welut wisa, hambok bilih wonten lumunturing sih, mugi keparenga kula hangaturaken reroncen lampah-lampahing tatacara pahargyan/ pawiwahan ing siang punika ing SMA N 5 Semarang amarengi dinten ..................surya kaping.................(tanggal)
Menggah reroncening tatacara pahargyan/ pawiwahan ing siang punika nuninggih:
1.      Sepisan Purwakaning atur/ pambuka
2.      Tatacara ingkang angka kalih nun inggih atur sambutan saking ketua panitiya
3.      Tiga, Sambutan saking........
4.      Sanes-sanesipun/ lain-lain........
5.      Tatacara candakipun Mangastungkara/do’a
6.      Wasananing atur/penutup
Mekaten para rawuh reroncen lampahing tatacara pahargyan...............
Siang punika, ing salajengipun ngacik adicara sepisan Nuninggih pambuka.


Tuladha nutup pahargyan
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan setunggal mbaka setunggal lampahing tatacara pahargyan ing siang punika sampun katindakaken kanthi raharja wahyaning mangsa kala wus ndungkap titipurnaning pahargyan.
Wonten ing paripurnaning acara kulapun Yeni Rahmawati ingkang piniji pinitiya minangka panatacara hambok bilih anggen kula angayahi jejibahan wonten galap gangsuling atur kiranging subasita saha tatakrami kula nyuwun lumunturingsih samudra gung pangaksami .
Suradirajayaningrat lebur dening pangastuti.
Yen kembang kembang cempaka
Dudu kembang arum dalu
Mumpung sira esih mudha
Den asregep ngudi ngelmu
Billahitaufiq walhidayah wasalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.


             

Minggu, 03 Oktober 2010

Sengkalan

Tembung -tembung ingkang ngggadhahi watak 0 (das) inggih punika :
langit, kombul, mesat, muluk, luhur, tumenga, swarga, tanpa, tawang, oncat, musna, sirna, ilang, gegana, tan.

Tembung-tembung ingkang nggadhahi watak 2 (kalih) inggih punika :
nembah, mulat, sikara (aru-biru, panggodha), panganten, bujana, buja, kanthi, ngrengga, paningal, dresthi (cidra), ngabekti, kanthi.

Tembung-tembung ingkang nggadhahi watak 9 (sanga) inggih punika :
dewa, jawata, arum, ganda, kusuma, menga, ambuka, gapura, wiwara, trus, trustha (seneng), manjing.

Adhedhasar tembung ing nginggil taun 2009 saged dipun damel candra sangakalanipun kados ing ngandhap punika :

1. Terus mumbul tanpa sikara, tegesipun terus mekar (berkembang) tanpa panggodha (gangguan).
2. Ambuka langit luhuring panembah, tegesipun mbikak langit saking kaluhuraning puji (donga).
3. Wenganing gegana tanpa sikara, tegesipun bukaning langit tanpa panggodha.
4. Kusuma kombul swarganing paningal, tegesipun sekar kondhang dados swarganing paningal (jalaran saking endahing sekar).
5. Ganda muluk ing luhuring pangabekti, tegesipun ganda arum angambar saking pangabekti.
6. Trusing tawang tanpa dresthi, tegesipun terus minggah dhateng langit tanpa cidra.

Candra sangkala ing nginggil minangka conto, arupi puji pandonga dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Panjenengan saged milih lan saged ngasta piyambak ingkang panjenengan cocogi. Sampun ngantos candra sangkala kalawau namung awujud tembung ingkang dipun jejer-jejer tanpa teges.
Tembung -tembung ingkang ngggadhahi watak 0 (das) inggih punika :
langit, kombul, mesat, muluk, luhur, tumenga, swarga, tanpa, tawang, oncat, musna, sirna, ilang, gegana, tan.

Tembung-tembung ingkang nggadhahi watak 2 (kalih) inggih punika :
nembah, mulat, sikara (aru-biru, panggodha), panganten, bujana, buja, kanthi, ngrengga, paningal, dresthi (cidra), ngabekti, kanthi.

Tembung-tembung ingkang nggadhahi watak 9 (sanga) inggih punika :
dewa, jawata, arum, ganda, kusuma, menga, ambuka, gapura, wiwara, trus, trustha (seneng), manjing.

Adhedhasar tembung ing nginggil taun 2009 saged dipun damel candra sangakalanipun kados ing ngandhap punika :

1. Terus mumbul tanpa sikara, tegesipun terus mekar (berkembang) tanpa panggodha (gangguan).
2. Ambuka langit luhuring panembah, tegesipun mbikak langit saking kaluhuraning puji (donga).
3. Wenganing gegana tanpa sikara, tegesipun bukaning langit tanpa panggodha.
4. Kusuma kombul swarganing paningal, tegesipun sekar kondhang dados swarganing paningal (jalaran saking endahing sekar).
5. Ganda muluk ing luhuring pangabekti, tegesipun ganda arum angambar saking pangabekti.
6. Trusing tawang tanpa dresthi, tegesipun terus minggah dhateng langit tanpa cidra.

Candra sangkala ing nginggil minangka conto, arupi puji pandonga dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Panjenengan saged milih lan saged ngasta piyambak ingkang panjenengan cocogi. Sampun ngantos candra sangkala kalawau namung awujud tembung ingkang dipun jejer-jejer tanpa teges.